Hak-Hake Rasul 1 Apa Inyong kie dudu wong bebas, Inyong kie kan Rasul? Inyong kan wong sing wis tau Yesus, Gustine awake dheweke? kowe kabeh kan hasil sekang penggaweane Inyong Ing sak njerone Gusti. 2 Menawa kanggo wong liya Inyong iki dudu Rasul, paling ora Inyong kie kan Rasul kanggo kowe kabeh. Awit kowe kabeh iku kan wujud sekang kerasulane Inyong. 3 Yo kiye wujud pembelaanku Inyong maring wong-wong sing arep padha ngadili Inyong. 4 Apa inyong kiye ora ndowe hak di enggo mangan lan ngombe? 5 Apa inyong kiye ora nduweni hak golet bojo sing tinggal iman, kaya dene Rasul-Rasul liyane, sedulure Inyong koya dene Kefas? 6 Apa mung Barnabas karo Inyong sing ora nduweni hak nggo nyambut gawe? 7 Sapa ta sing tau dadi tentara banjur mbiayani awake dewek? sapa to sing nandur neng kebun anggur lan ora mangan wohe? utawa sapa sing angon kewan banjur ora ngombe susune? 8 Apa Inyong ngomong mung manut pikirane menonso bae? Kitab toret kang uga ngomong mengkono? 9 Merga wis di tulis neng kitab toret "Aja padha mbrongsong sapi kang lagi narik kilangan gandum. Njur apa mung sapi sing di gatekna neng Gusti Allah. 10 Utawa apa sing di omongna kowe di enggo Inyong karo kowe? Di enggo Inyong lan kowe kabeh prekara kowe di tulis. Merga sing mlaku ya mlaku kanthi pengarep-arep, lan sing tembe ngrontok Gandum uga ngrontok gandum karo kepingin oleh bagiane. 11 Menawa Inyong nyebar winih Rohani maring kowe kabeh, apa ora patut yen Inyong panen perkara materi sekang kowe? 12 Nemawa wong liya ndureni hak neng kowe kabeh, nek Inyong sakjane duwe hak neng kowe kabeh, Inyong ora gonakna kue, sebalike Inyong nanggung sakabehing kebutuhanku, supayane Inyong ora dadi pepalang kangga Injile Gusti Yesus. 13 Apa kowe kabeh ora padha ngerti yen wong sing kerja neng prekoro-prekoro sing suci uga ulih mangan panganan sekang Bait suci? lan sing nglayani neng altar uga oleh bagian sekang persembahane? 14 Semona uga Gusti Allah mrentah wong-wong sing mantana Injil uga urip sekang okehe martakna Injil. 15 Nanging Inyong ora tau nggunakna haku siji-sijio. Luwih apik aku mati ketimbang wong-wong ngilangake kebahagaiane Inyong. 16 Merga nek Inyong martana Injil Inyong ora ana alasan nggo pamer, merga martana Injil kuwi kewajibanku sing ona ing inyong. Ciloko nek inyong ora ngabarno Injil. 17 Yen Inyong ngabarna Injil merga karepe Inyong dewek, Inyong mesthi nduweni upah. Nanging kie dudu karepi Inyong perkoro kie wujud sekang kepercayaane gusti Allah maring Inyong. 18 Nek kaya kowe apa sing dadi upahe inyong. Upahe Inyong ya kowe nek Inyong ngabarna Injil, malah Inyong oleh ngabarna Injil tanpa upah, lan ora nyalahgunana Injil nggo nggolek pathi. 19 Nanging senajan Inyong bebas maning sekabehing mong, Inyong nganggep awakku dhewek kaya Hamba, tumrap wong kabeh. Supaya Inyong bisa menangna wong-wong dadi percaya neng Gusti Yesus. 20 Nek Inyong bareng-barengkaro wong Yahudi Inyong ya kaya wong Yahudi supayane Inyong bisa menangna wong Yahudi. Nggo wong sing precaya kitab toret, Inyong kaya wong sing precaya kitab toreb, najan Inyong ora nganggo hukum toret supayane Inyong bisa menangna wong kabeh sing padha precaya kitab toret. 21 Kanggo wong-wong sing ara precaya kitab toret Inyong kaya wong sing ora precaya kitab toret, ning precaya maring Gusti Yesus, supayane Inyong bisa menangna wong-wong sing uga ora precaya kitab toret. 22 Nek Inyong bareng wong sing lemah, Inyong uga dadi kaya wong sing lemah supayane Inyong bisa nylametna wong-wong lemah. Inyong wis dadi kaya sapa bae supaya kanthi sakehing cara Inyong bisa nylametna wong. 23 Kabeh kowe padha tak lakoni kanggo Injil supaya Inyong oleh bagian sekang njerone Injil kue. 24 Kowe kabeh padha ngertine wong sing lagi tandingan mlayu, ning rak yo mung siji sing oleh hadiah, mulane koe padha mlayua supaya kowe padha oleh hadiah uga. 25 Saben wong sing arep tanding kudu latihan nguasani awake. Kowe kabeh padha ngelakoni supaya padha oleh mahkota sing ora ana hargana, nanging Inyong lan kowe kabeh bakal oleh mahkota sing abadi. 26 Merga sekang kue, Inyong mlayu ora kaya mlayu tanpa tujuan, Inyong njatos ora ming njatos angin. 27 Nanging Inyong nglatih awake kanthi mempeng lan Inyong njoga awake sawise martakna Injil maring wong liya, supaya ne Inyong aja ditolak.