Injil Ngenani Yesus Kristus 1 He sedulur-sedulurku, inyong siki ngabarna Injil, maring kowe kabeh, sing wis ditamba nang kowe pada. 2 Merga Injil kowe dislametna, asalkan kowe imane kukuh maring sabdane sing wis tek wekena maring kowe, nangen nek kowe percayane mukur setengah-setengah. 3 Aku wis ngabarna maring kowe, sing pertama-tama ne sing penting, sing tek ngerteni yen Yesus Kristus mati kanggo nebusi dosa-dosane inyong miturut Kitab Sucine. 4 Deweke wis dikuburna, Deweke urip maning nang dina kaping telunen miturul kitab sucine. 5 Deweke wis ngeton maring Kefas, lan maring murid-muride sing rolas mau. 6 Sauwise kuwe deweke ngeton maring wong akeh sing jumlahe kira-kira ne lima ngatus wong lewih. Sebagian akeh sikine esih akeh sing urip, ningen ya akeh sing wis pada mati. 7 Terus Deweke ngeton maring Yakobus, terus maring rasul kabeh. 8 Pungkasane kaya dene bocah lair sing urung wektune, ya uga Deweke ngeton maring inyong. 9 Merga inyong kiye sing paling cilik nang antarane rasul-rasule Gusti Yesus lan aku ora pantes diundang rasul merga aku nganiaya jema'ate Allah. 10 Ningen, merga kaanugrahan sekang Gusti, inyong kiye inyong sing siki. Lan kaanugrahan sing diwekena aku nyata. Inyong kerja lewih giat, ketimbang wong-wong kabeh, ningen udu inyong, tapi kanugrahan Allah sing bareng inyong. 11 Merga kabeh mau, kebagusan sekang aku utawane wong-wong kaya kiyelah sing tek wulangna, lan kaya kuwelah kowe dadi percaya. Urip Maning Sekang Kematiane 12 Nek Kristus dikabarna urip maning sekang kematiane, nangapa ana sing ngomongaken ora ana wong mati bisa urip maning? 13 Nek langka sing bisa urip maning sekang kematiane, Kristus uga ora bakal urip maning. 14 Nek Kristus ora urip maning, ya sia-sia kabar sekang inyong lan bakal sia-sia imanmu. 15 Lewih-lewih, nek inyonge wis konangan dadi seksi palsu Allah merga inyonge awah seksi yen Allah wis nguripna Yesus, sing ora bakal urip maning, sing sebenere nek wong mati ora bakal bisa urip maning. 16 Nek wong mati ora urip maning, Kristus uga ora urip maning. 17 Nek Kristus ora urip maning, iman mu dadi sia-sia, merga kowe kabeh esih pada akeh dosa-dosane. 18 Semono uga wong-wong sing wis pada mati nang sajerone Kristus ya mati uga. 19 Nek sing dikarepna inyong kabeh nang sajerone Kristus mukur nggo urip tok, inyong kabeh termasuk wong sing paling ora ana gunane. 20 Ningen siki, Kristus wis urip maning nang antarane wong mati, kanggo tulada sing apik sakabehe wong sing percaya sing pada mati. 21 Merga pada bae karo kedadeyen matine salah sijine wong mulane lumantar wong sijilah wong sing mati bisa urip maning. 22 Anak putune Adam sakabehe mati, ning sing nang sajerone Kristus sakabehe bakal urip maning. 23 Ningen, saben wong-wong ora nurut urutane: Kristus sing kanggo patuladen, sauwise deweke dadi milike Kristus, pada nunggu tekang Kristus maning. 24 Wis wektune rampung, wektu Deweke nyerahna Kerajaan Allah Bapa, wektu Deweke ngilangaken sakabehe pemerintahan, kekuasaan lan kekuatan. 25 Merga, Deweke kudu nguasani nganti Allah nyerahna mungsuhe kabeh takluk. 26 Mungsuh sing keri dewek sing bakal dihilangkan ya kuwe ngenani bab kematian. 27 Merga, Allah wis nyerahna segala sesuatune nang ngisor tlapak sikule. Ningen, wis ceta banget nek kiye udu Allah dewek, sing nggletakna sekabehane kuasane Kristus. 28 Siki sekabehane dibawah pangusa Kristus, senggo Allah bakal dadi apa bae seka behane sing ana. 29 Nek ora kaya kuwe, apa sing bakal dilakoni nang wong-wong sing wis dibaptis tumrape nang wong sing wis mati? Nek wong mati ora diuripna maning, kena ngapa wong-wong mbaptis kanggo wong akeh? 30 Nangapa inyong kabeh saben wektu terancah bahaya? 31 Sedulur-sedulur, saben dina inyong ngadepi kematian, merga kemulyaanku maring kowe, sing inyong nduweni ya kuwe Yesus Kristus, Gustine inyong kabeh. 32 Menurut akal menungsa, apa untunge tarung karo kewan-kewan bringas nang Efesus? Nek wong mati ora diuripna maning, "Ayolah inyong kabeh pada mangan lan nginum merga ne ngisuk bakal mati. 33 Aja gelem dilomboni: "Bergaul sing ora apik bisa ngancuraken sifat-sifat sing apik. 34 Ayuh pada mertobata sing apik aja pada gawe dosa. Merga akeh wong sing ora pada ngenal Gusti Allah. Inyong ngomongaken masalah kiye supayane kowe isin. Urip Merga Rohani 35 Nanging, ana wong sing takon, "Kepriwe wong mati bisa urip maning? Ngganggo awak apa nek deweke bisa teka maning?" 36 He wong bodo! Apa sing disebar nang kowe ora bakal tukul, kecualine deweke mati lewih disit. 37 Sing disebar nang kowe udu tanduran sing bakal tukul, ningen wiji sing ora ana kulite koya dene wiji gandum utawa wiji-wiji liyane. 38 Ningen Allah ngesogi wit kaya dene sing wis dikarepNa lan saben-saben wiji diwei wit dewek-dewek. 39 Ora kabeh daging, daging sing pada, ning mukur siji yakuwe daging wong, lan liyane daging kewan-kewan, lan daging manuk-manuk, lan daging iwak. 40 Ana awak sekang surga, uga ana awak sekang ndunya ning kamulyan sekang surgawi ora pada, lan kamulyan nang ndunya ya ora pada. 41 Kamulyan srengenge ya beda, kamulyan wulan ya beda, kamulyan lintang yang beda, merga lintang siji beda karo lintang sijine nang sajrone kamulyan. 42 Semono uga bangkite wong mati. Dikubur sajerone mati diuripna nang sejerone urip. 43 Dikubur sejerone kenistaan, dibangkitna nang sejerone kamulyan. Dikubur sajerone kelemahan, dibangkitna nang sejerone kekuatan. 44 Dikubur awak jasmanine, dibangkitna nang awak rohani. Nek ana awak jasmani, uga ana badan rohaniyah. 45 Kaya dene sing wis katulis, "Menungsa sing paling pertama, Adam, dadi badan wadag sing urip. Adam sing pungkasan dadi roh sing aweh urip. 46 Nek kaya kuwe, sing rohani udu sing pertama. Sing pertama ya sing jasmaniah. Sauwise mau tembe sing Rohaniyah. Nek kaya kuwe sekang dbulan lemah. 47 Menungsa sing pertama asale sekang lemah, yakuwe sekang debulan lemah. Menungsa keloro asale sekang surga. 48 Pada bae karo sing asale sekang lemah, semono uga wong sing asale sekang debulan lemah. Pada bae sing sekang surgawi, semono uga deweke sing Surgawi. 49 Nek inyong kabeh dicipta bentuk rupa menungsa asale sekang debu lemah, inyong kabeh bakal nganggo bentuk rupa menungsa sing surgawi. 50 Aku ngomong hal kiye maring kowe, Sedulur-sedulur nek daging lan getih ora bakal ulih warisan kerajaan Allah. Semono uga sing bisa mati ora bakal bisa marisi sing ora mati. 51 Ringokna! Aku ngomong maring kowe rahasia, inyong lan kowe ora bakal mati kabeh, ning inyong kabeh bakal dirubah. 52 Pada wektu kuwe, sekedip netra, wektu trompet sing keridewek: merga trompet bakal muni, wong mati bakal dibangkitkan ora nganggo kematian, lan inyong kabeh bakal diubah. 53 Merga sing mati kudu nganggo sing ora bisa mati. Lan sing bisa mati kiye nganggo sing ora bisa mati. 54 Wektu sing bisa mati kiye nganggo sing ora bisa mati, lan sing bisa mati kiye nganggo sing ora bisa mati, mulane wis genep sabdane sing uwis katulis: "Kematian wis dikalahna nang kemenangan." 55 He kematian, nang endi kemenangane? he maut nang endi sengate?" 56 Sengat maut kuwe dosa, lan kuasa dosa Ukum Taurat. 57 Ningen inyong kabeh ngucap sukur meng Gusti Allah sing wis aweh meng inyong lan kowe kabeh ya kuwe kemenangane mergane Gustiku, Yesus Kristus. 58 Sedulur-sedulurku kabeh sing seiman sing ditresnani, ngadega sing kukuh, aja nganti goyah imane, bakal melimpah berkate saben wong sing nindakna pegaweane Tuhan. Merga, kowe bakal ngerti nek jerih payahmu ora bakal sia-sia nang sejerone Gusti Allah.