Pasal 11

1 Dadilah wong-wong sing nurut contohe inyong kabeh kaya inyong kabeh uga nangarepe. Tenger Kekuasaan 2 Seiki inyong kabeh muji merga kowe eling inyong kabeh sejorone sekabehe karo nganggoni kebiasaan-kebiasaan sing omongaken karo kowe kabeh. 3 Mung inyong kabeh pengin kowe kabeh ngerti nek ndas saben lanang yakue Kristus, ndas wadon yakue lanang-lanang, lan ndas Kristus yakue Allah. 4 Saben lanang sing doa lan bernubuat karo ndas sing epecian ora ngargai ndase. 5 Mung, saben wadon sing Doa sutawani bernubuat karo ndas sing ora pecian menghina ndase, hal sekabiane kue pada kaya nek ndase dicukur. 6 Merga, nek sijine wong wadon ora ngrudungi ndase ben lah deweke uga motang kabeh rambute, mung nek ngisin-ngisin kanggo salah sawijine wong wadon matong rambut utawan nyukur ndase, ben bae deweke ngrudungi ndase. 7 Lanang ora alih pecian ndasi merga deweke yakue contoh karo Kemuliaan Allah, mung wadon yakue kemulyaan lanang. 8 Lanang ora berasal sekang wadon, nanging wadon asale sekang lanang. 9 Lan, lanang ora di ciptakena kanggo wadon nanging wadon kanggo lanang. 10 Kuelah sebabi Malaikat-malaikat wadon kudu nduweni tenger jilbab nang ndase merga para malaikat 11 Mung seteruse, senjerane Tuhan ora nana wadon nek ora nana lawong utawane lanang nek ora nana wadon. 12 Merga, wadon asale sekang lanang kaya kue uga lanang lair lewat wadon lan sekabeane asale sekang Allah. 13 Dipikirlah dewek, apa sih pantes kanggo wong wadon kanggo berdoa karo Allah karo ndas sing oran pecian. 14 Dudu kue alam dewek ngajari keudungan sekabean kue kaya hinaan sekabeane. 15 Umpamane, nek wadon nduweni rambut dawa, sekabeane kue yakuwe kemulyaan sekabeane merga, rambute kue diweken karo sekabeane kanggo krudung. 16 Nek ana wong sing esih pengin ngawali, inyong ora nduweni kebiassaan kuwe, seteruse uga jemaat Tuhan. Hal-Hal Sing Salah Senyerone Sugahan Kudus 17 Sanyerone ngeweh aken prentah iki inyong ora memuji merga kowe kumpul dudu kanggo sekabeane sing leweh bagus nanging kanggo sekabeane sing leweh bagus, nangging kanggo sekabeane sing lewih jelek. 18 Ndisit wetu kowe ngumpul kaya jemaat inyoh ngrungokena nek ana perpecahan nang antarane kowe lan inyong percayakena setengaeh. 19 Merga kudu ana perpecahan nang antarane kowe supaya kae kabeh sing nyota tahan uji dadi jelas nang atarane kowe. 20 Wetu kowe ngumpul nang suatu nggon sing pada sekabeane kue dudu kanggo mangan seguhan Tuhan. 21 Merga sewaktu mangan, saben wong nyiat lewih desit panganane sewek sampe ana sing kencot lan sing sekone mabok. 22 Apa koe ora due umah kanggo mangan lan minum utawa, apasih kowe menghina Jemaat Allah lan ngisin-ngisini kae kabeh sing ora due apa-apa? kudu sih inyong memuji koe? misti bae ora! 23 Merga, inyong trima sekan, Tuhan apa sing uga inyong weh karo kowe, nek Tuhan Yesus, karo mbengi wektu Tuhan dihianati, nycat roti. 24 Lan seuwise ngomong syukur Tuhan mecah-mecahaten lan ngomong, kiyelah dadi pengeling-eling nang Tuhan. 25 Seteruse uga Tuhan nyiat lambar seuwise mangan terus ngomong, "Lambar iki yakue perjanjian anyar-anyar sing nang senjorone getih Tuhan lakonilah iki, saben0saben kowe nginum, dadi pengeling-ngeling nang Tuhan." 26 Merga, saben-saben kowe mangan roti iki lan nginum lambar iki, kowe ngabarena matine Tuhan sampe Tuhan teka. 27 Soal kue, sara sing mangan roti utawa nginum lambar Tuhan karo akal sing ora bisa, deweke salah nangarep awak lan getih Tuhan. 28 Wong kudu nguji awake dewek, karo terus karena bae deweke mangan roti lang nyinum sekang lanbar kulik. 29 Merga, wong sing mangan lan nginum ora ngakoni awake Tuhan, deweke nekakaben Hukuman nang awake kabeh. 30 Kuwelah sebabi, kema apa akeh nang antarane kowe sing lemah lan sakit, malah lewih akeh sing mati. 31 Mung nek inyong kabeh nile awake inyong dewek karo bener, inyong ora arep di hukum. 32 Mung, wetu inyong kabeh dihukum, inyong kabeh diajari nang Tuhan supayane inyong ora dihukum bareng-bareng karo dunia. 33 Dadi sedulur-sedulure inyong wektu kowe kempalkan mangan pada nunggulah. 34 Umpamane ana wong sing keneat, baguse deweke mangan ndisit nang umahe supaya aja kowe ngumpul kanggo ngadili lan soal sesen urip inyong atur sewektu inyong teka.