Umat pilihane Allah 1 Inyong ngomong sing sebenare neng njerone Kristus, inyong ora nglomboni, lan munine atine malu nyeksani bareng-bareng karo Roh Kudus, 2 Sebenare susah senenge inyong gede banget lan seteruse nelangsa neng jero atine inyong. 3 Jalaran, inyong ngarepane ben awak inyong kenang bendu, pisah sekang Kristus kanggo sedulur dulure inyong, kabeh wong sing pada kaya awake inyong 4 ya kue wong-wong Israel; sing ndueni hak kanggo di dadekna putra-putrane Allah, nampani kebencian, sing di jani-janji na, nampani apa sing diwei nang Hukum Taurat, ibadah, karo janji-janji. 5 Kae kabeh keturunane bapak-bapak leluhur, lan sekong sekitare koe kabeh Kristus dilahirna kaya menungsa biasa, jerane Tuhan seng lewih duwur segala galane lan sing dipuja selawas-lawase. Amin! 6 Mulane kue, Firman Gusti Allah ora gagal, jalaran, udu kabeh uwong sing asale seka Israel yo uwong Israel kue, 7 Lan ora kabeh keturunane Abraham urung mesti anak-anake, nanging-nanging sing diorani keturunanmu sing asale sekang uhak". 8 Soal iki artine bener-bener udu anak-anake secara jasmani sing wis dipestakna golongan anak-anak Allah, sejekna anak-anak seng dijanjikna bae seng di etung dadi keturunane. 9 Mengo, kiyalas janji ssing di omongna kue;"Kiyalas waktune Aku kan teka, lan sara arep ndueni anak lanang siji." 10 Udu iki bae, nanging sajeke Ribka gur meteng anak-anak soka wong siji, ya kue Ishak, bapa leluhure dewek. 11 Merga, sedurunge anak-anak kue dibabarna lan urung ngelakokna barang sing maen utawa sing ora maen, ben tujuane Allah kaitane sing dipilih Allah dimantepna udu merga Ulaeh nanging mergo Gusti sing nyelak, 12 Di omongnalah meng Ribka,"Anak sing mbarep kudu ngelayani adikne!" 13 Kaya sing wis ditulis,"Aku luwih eman maring Yakub, nanging Aku sengit meng Esau," 14 Dadi, apa singg arep deweke omongna? apa ia sih Allah ora adil? ora kaya kuwe! 15 Mulane Tuhan ngomong meng Musa,"Aku arep weles asih meng sapa sing Aku arep welass asih, lan Aku arep eman meng sapa sing arep tak emon." 16 Dadi, kabeh mau kuwe ora melu kudu karape utawa gaweane menungsa. Nanging seka Allah sing menunjukaken welas asih seka Tuhan. 17 Mengo, Kitab Suci ngomong meng Firaun:'Mergo kudu soalan kinyelah Aku ndadekna koe geneng Aku nunjukakan kuasa-Ku maring ning awakmu, lan genang nami-Ku diwartakna sejagad Raya. 18 Dadi, Allah aweh welas asih meng sapa bae sing dikarepna neng Allah. 19 Dadi, koe pada arep ngomong bar nyong:"Ngapa Tuhan asih nyalakan? mergo, sapa sih sing bisa ngelawan karepe Gusti?" 20 Sewalike, ia koe sih sapa, hai menungsa, rek sampe koe ngelawan meng Gusti Allah? apa mungkin barang sing digawe ngomong meng sing nggawe,"kera ngapa kowe gawe inyong kaya kiye?" 21 Apa meng sing nggawe ora nduweni hak maring opo sing di gawe, nggoh nggawe seka bahan kui nggoh ndadikna benda sing luwih mulia, lan benda liane sing digunakaken nggoh hal sing ra apik? 22 Kepriwe nek Gusti Allah, ben ngijilni nggoh midokna murka-Ne lan nyatakna Kuasa-Ne, sing uwis disiapna nggoh patine? 23 Gustu Allah nglakonine nggoh nidoki kemuliaan-Ne sing akeh, welas asih-Ne meng Ciptaan-Ne. 24 Dewek kabeh, sing dicelup neng Gusti, udu ming kang wong Yahudi, kang endi bae. 25 sing kaya wis di omongna neng Gusti Allah reng njero Kitab Hosea:"koe pada sing udu Umat-Ku, arep tak sebut Umat-Ku. Lan sing ora tak welasin, arep tak sebut"sing diwelasin," 26 Lan,"neng bumi mbiyen Allah ngomong:"koe udu umat-Ku, nang nggon kue kae pada di jenengi"anak-anak Allah sing urip." 27 Lan Yesaya nangisi wong Israel:"seumpamane jumlae wong-wong Israel bertumpah ruas kaya pasir ing segera, nanging mung sisa-sisa sing disimpen diselamatna, 28 Mergo Tuhan arep ngelakokna Firman-Ne neng dunia, sempurna lan segera. 29 Kaya sing wis dinubuataken ulih Yesaya:"Nek Tuhan semesta alam ora ninggalna keturunan, dewek uwis pada kaya Sodom lan Gamora. 30 Dadi, apa sing arep dewek omongna? nek wong-wong udu Yahudi sing ora melu kebejikan, wis diwei kebajikan, yo kue kebajikan sing asale kang iman; 31 Napi, wong Israel sing galen percaya Hukum Taurat justru ora tekan meng hukum kue? 32 Ngapa? nengo kabaene ora ngetatna karo iman, nanging karo tindakan. kabeane kesandung oada matu sandungan. 33 Kaya sing uwis di tulis:"belengen, Aku ngebrukna neng Sion watu sandungan lan watu karang, lan sapa bae sing percaya meng Gusti ora bakal dipermalukan."