Pasal 4

Teladan Abraham 1 Dadi, apa sing arep inyong dewek omonggena hal Abraham, Bapa leluhur inyong, dewek menurut daging. 2 Merga yen Abraham di benerekana karo lakune, deweke duwe alasan nggo gemede, maging ora mang ngarepe Gusti Allah. 3 Mergo Sebab apa sing diomonggena Kitab Suci? Abraham pecaya karo Uhan lan Gusti Allah ngetung dadi kebenaran. 4 Nggo wong sing pada nyambutgawe, upah sing diwekena nggo kae udu hadiah, nanging hake kowe kabeh. 5 Lan nggo wong sing ora nyambutgawe, tapi percaya maring Gusti Allah sing mbenerena wong fasik, imane kowekabeh dietung dadi kebenarane. 6 Malah Daud be ngomonggena lewih diberkahi wong sing diperitunggena kebenarane maring kowe ora mandang hal-hal sing uwis digawe. 7 Seneng-seneng ngo wong, sing diampuni kesalahane lan sing di tutup-tutupi dosa-dosane. 8 Seneng-seneng ngo wong-wong sing dosane ora dietung nang Gusti Allah. 9 Apa berkah kiye kur nggo wong sing sunat? Utawa nggo wong sing ora sunat? Merga kowe kabeh wis ngomong yen Iman Abraham dietung dadi kebenaran. 10 Terus, kepriwe kuwe kapetung maring deweke? Sedurunge apa sewisw disunat? Udu sewise deweke disunat, nanging sedurunge deweke disunat. 11 Abraham nampani tanda sunat nggo seel kebenaran iman sedurunge deweke disunat kon deweke dadi Bapa nggo wong kabeh sing percaya ora disunat men kebeneran kuwe dadi dietunggena karo kowe kabeh. 12 Dadi Bapane wong-wong sing pada sunat lan ora kur sing sunat tapi mlaku ing dalam iman sing tahu di lakoni nang Bapane kowe kabeh, Abrahan sedurunge deweke disunat. Abraham nampani janjine Gusti Allah lantaran imane 13 Janjine maring Abraham lan maring keturunane lan kowe kabeh arep nduweni bumi ora arep dikebeki lantaran hukum Toret, tapi lantaran Iman. 14 Jalaran, nek kowe kabeh sing asale kang hukum Toret dadi ahli waris, mulane iman dadi percuma lan janjine Gusti Allah dibatalena. 15 Jalaran hukum Toret nekakena kesusahan, nanging nek ora nana hukum Toret, dadi nang kono ora nana pelanggaran. 16 La kiye nanggapa janji kuwe asale sekan iman, dadi janji kuwe dasare kasih karunia dadi janji kuwe tekan maring kabeh keturunane Abraham; udu sing kang hukum Toret nanging sing asale kang iman Abraham, sing jan-jane bapane inyong. 17 Ya kaya kang ditulis “Gusti wis ndadekena Bapa nggo akeh nang ngarepe Gusti Allah, sing deweke percayai yakuwi Allah sing ngenei urip maring wong mati lan sing nyebut sing ora ana dadi ana. 18 Sejerone pengarep-arep deweke percaya, dadi deweke olih dadi rama nang ngunya pada karo sing diomonggena, kaya kuwe arep dadi ketururane kowe. 19 Lan percayane ora dadi kendo, awit umure wis kira-kira 100 tahun lan rahime Sara ya wis mati. 20 Deweke ora bingung karo janjine Gusti Allah merga ora percaya. Sebalike, imane di kuatena nganti deweke aweeh kemuliaan maring Gusti Allah. 21 Lan ngrasa yen Gusti Allah kuasa nglakukena apa bae sing uwis dijanjikena nang Gusti Allah. 22 Merga imane dietung dadi kebenaran. 23 Nanging merga kuwe ora kur ditulis nggo kepentingane Abraham tok. 24 Nanging nggo kowe kabeh merga kuwe arep dietunggaken maring kowe kabeh sing percaya maring Gusti sing nangikena Yesus, Gusti Allahe kowe kabeh, lan lantaran wong mati. 25 Yakuwe, Yesus sing uwis disrahkena nggo mati merga dosane kowe kabeh, lan sing uwis ditangikena.