1 Terus aku weruh salah sawije kewan metu sekang nyjerone sedara, sungune sepuluh lan ndase pitu cacahe, nang sanduwure sungu-sungune ana sepeluh mahkota lan nang ndase ana tulisan jeneng-jeneng sing ngejek. 2 Kewan sing tak deleng kuwe wujude pada karo macan tutul, lan sikile kaya sikil bruang lan cangkeme kaya cangkeng singa. Lan ula naga kuwe maring deweke aweh kekuatan, lan jahtane lan panguasane sing gede. 3 Merga keton maring aku sekang salah sijine endas kaya sing kenang tatu sing mbahayakna uripe, nanging tatu sing mbahayakna uripe kuwe wis mari sealam dunya gumun, terus ngetutna kewan kuwe. 4 Lan wong wong nyembah ula naga kuwe, merga deweke aweh panguasan maring kewan kuwe. Lan wong wong nyembah kewan kuwe, karo ngomong : “sebenere sapa sing pada kaya kewan kiye? Lan sapa sing bisa perang nglawan deweke? 5 Lan maring kewan kawe diwenei cangkem, sing akeh kesombongane lan ejekane ; maring deweke uga diwenei panguasan kanggo nglakokna patang puluh ro wulan suwene. 6 Terus deweke mbuka sangkeme karo ngejek Gusti Allah, ngejek jenenge lan tempat panggonane lan kabeh wong wong sing nang swarga. 7 Lan deweke diulihna supayane perang nglawan wong wong suci (kudus) lan supayane ngalahna wong wong : lan deweke diwenei panguasan kanggo sakabehe suku lan umat lan bahasa lan bangsa. 8 Lan sakbehe wong sing manggon nang sanduwure lemah (bumi) arep nyembah, ya kuwe saben wong sing jenenge ora katulis sawektu alam dunya di dadekna kacipta nang sajerone kitab panguripan sekang anak domba, sing uwis disembeleh. 9 Sapa wonge sing nduweni kuping, kudune deweke krungu; 10 sapa wonge sing ditentokna arep ditawan, deweke kudu diwan; sapa wonge sing ditentokna arep dipateni karo pedang, deweke kudu dipateni karo pedang. Sing penting nang kene kudune tabah lan imane wong wong sing suci (kudus). 11 lan aku weruh sijine kewan liya metu sekang nyjerone lemah lan sungune loro pada bae kaya anak wedus lan deweke ngomong kaya ula naga. 12 Lan kabeh panguasane kewan sing gisit kuwe dilakokna nang ngarepe matane. Deweke penyebabe sakabehe alam lan kabeh sing manggon pada nyembah maring kewan sing disit, sing tatune parah wis mari. 13 Lan deweke nganakna pratanda sing ngedabi, malahan deweke nuruna geni sekang langit maring lemah (bumi) nang sepengarepe matane wong akeh. 14 Deweke nyesatna wong-wong sing manggon nang lemah (bumi) karo tanda-tanda sing wis diwekna marin deweke prentah wong-wong sing manggon nang sanduwure lemah (bumi), supayane wong-wong gawe patung kanggo ngormati kewan sing tatu kenang pedang, tapine sing esih urip kuwe. 15 Lan maring deweke diwekena panguasan supayane bisa aweh nyawa maring patung kewan kuwe, nganti patung kewan kuwe bisa ngongong, lan bisa ngapa bae, nganti wong-wong sing ora nyembah patung kewan kuwe dipateni. 16 Lan deweke penyebabe, ngati maring wong kabeh, silik utawa gede, sugih utawane mlarat, wong sing wis bebas utawane batur, diwenei tanda nang tangan tengene utawane nang batuke, 17 lan langka wong sijia sing bisa tuku utawane adol seliyane sekang wong-wong sing nganggo tanda kuwe, yakuwe jeneng kewan kuwe utawane wilangan jenenge. 18 Sing penting nang kene yakuwe hikmahe: sapa sing wicaksana, sing apik deweke ngitung wilangan wilangan kuwe merga wilangan kuwe wilangane salah sawijine wong, lan wilangane yakuwe nematus sewidak enem.