Pasal 1

1 Sedulur sedulur jemaah sing neng Tesalonika, sing dadi jemaah Allah Ramaku lan Gusti Isa Almasih Kristus! Inyong, yakue Paulus, Silas lan Timotius 2 ngarep muga muga Allah Bapa lan Gusti Isa Almasih aweh berkah lan ketentreman maring koe kabeh. Putusan sing ditibakna maring tekane Kristus 3 Sedulur sedulur, aku kudu wajib ngomongna matur kesewun maring Allah merga koe kabeh. Lan pancen wis mestine aku nglakoni kaya kue, sebabe koe kabeh lewih yakin maring kristus lan koe kabeh lewih ngsih siji lan liane. 4 Yakue sebabe nangapa aku ngomong masalah koe kabeh saben wektu aku niliki jemaah jemaah Allah. Kanti aeneng aku ngomongna kepriwe koe kabeh tetep kuat yakin maring kristus nang jerone siksaan lan sengsara sing koe pad lakoni. 5 Lan nangkene nyata kaya ngapa adile pengadilane Allah; Koe kabeh wis sengsara sebab Bumi Anyar Allah, merga kue koe kabeh arep di anggep patut kanggo mlebu nang jrone. 6 Kae arep nglakokna apa sing adil, lan arep mbalesna sengsara maring wong sing gawe koe kabeh seng sara. 7 Lan maring koe sing siki kie sengsara – yakue be maring aku Allah arep aweh bebungah pas dina Gusti Isa Almasih medun sekang swarga lan nidokna awake karo malaikat malaikate sing gagah 8 lan karo geni sing mulad mulad. Deweke medun kanggo ngukum wong wong sing ora nggatekna Allah lan sing ora gelem urip pada karo Kabar Apik soal Gusti Isa Almasih koe kabeh. 9 Wong wong kue arep nampa ukuman langgeng selawas selawase, di guang nang jaba kang lingkungane Gusti lan sekang kwasane sing gede; 10 sekabeane kue arep kedadean pasdina Kae teka mengko kanggo di luhurna nang jemaah lan dihormati nang kabeh wong sing yakin. Koe kabeh arep ana nang antarane umate Allah kue, sebabe koe kabeh wis yakin maring kabar sing aku omongna maring koe. 11 Ya kue sebabe akuy trus ndongakna koe kabeh. Aku ndonga ben Allah ndadekna koe kabeh patut nggo urip manut kekarepane; kanggo kue Kae ngundang koe kabeh. Muga muga Allah, karo kwasane, nyukupi kekarepanmu kanggo nggawe apik, lan nyempurnakaken kabeh pegawean sing koe kabeh lakoni merga yakin maring Kristus. 12 Mulane kue Gusti enyong koe kabeh Isa Almasih di puji nang koe kabeh, lan koe kabeh kudu muji muji ben di puji puji nang Isa Almasih sebab baguse ngati Allah koe kabeh lan Gusti Isa Almasih Kristus.