Pasal 5

Padha angonen Domba-Dombane Allah 1 Awit sekang koe aku padha-padha penatua lan saksi mata sangsarane Kristus, lan uga wong sing arep olih jatah kamulyan sing arep dinyatana, aku setuju karo para penatua sing ana nang tempat kene. 2 Urusna wong sing pracaya maring gusti Yesus. Aja kanthi dipaksa nanging karo rela kaya dene sing dikarepaken dening gusti Allah, Aja ngalakoni sing di larang, nanging karono diniati. 3 Nek kowe diwei wenang aja sekarepe dewek merga tanggung jawabe kowe, nanging dadi tulada kanggo umate. 4 Kanthi mangkono, nek mengko gusti Yesus teka, kowe arep nampani mahkota kamulyan sing ora bakal sirna. 5 Nengkono uga koe sing lewih enom, nuruta maring sing lewih tua lan koe kudu nduweni ati sing andap asor, maring siji lan liane marga: Gusti Allah ora seneng maring wong sing umuk, nanging deweke aweh kanugrahan maring wong sing andap asor. 6 Awit sekang kowe, asorna awakmu ing sangi saring tanganing gusti Allah sing kebek panguasa. Mulane deweke arep nduwurna kowe kabeh nang waktune. 7 Pasrahna kabeh kwatiranmu maring gusti Allah, Awit gusti Yesus sing arep ngopeni koe. 8 Padha ngati-ati lan padha jaga-jaga! musuhmu, si belis, padha mlaku bolak-balik kaya dene singa sing ngaung, nggolet mangsa nggo di pangan. 9 Lawanen belis! ngadegko jejeg ing sajroning imanmu, Awit kowe ngerti menawa ing sejagat, sedulur-sedulur seimane kowe, sing nanggung kasangsaran kaya sing koh alami. 10 Lan sawise kowe sangsara sedelo, gusti Allah sumber sakehing kanugrahan sing wis nyeluk kowe kanggo njiot ing sajeroneng kamulyaNe sing langeng ing sajeoning Kristus arep: mulihna, neguhna, nguatna, lan mbangun koe. 11 Gusti Yesus sing duwe panguso salawase. Amin. Salam Penutup 12 Aku nulis layangkie kanggo kowe lumantar Silwanus, sing tak kenal dadi sedulu sing pracaya, lan setya. Aku kepengin menehi semangat lan pareksen maring ko, nek kie sejatine kamugrahane sekang gusti Allah. Ngadegka jegeg neng sajroning kamagrahan kie. 13 Pasangmuan sing ana ing Babilonia, sing umat pilihane gusti Allah, kirim salam maring kowe. Markus anakku ing sajeroning gusti Yesus, nggo kirim salam maring koe. 14 Padha menehi salam, maring siji lan liyane kanti katresnan. Ing sajeroning Kristus. Amin.