Pasal 1

1 Titus! Aku, Paulus, sing nulis surat kie lan sing dai kawulane Gusti Allah lan utusane Isa Almasih. Aku dipilih lan diutus kanggo nulungi wong-wong pilihane Gusti Allah men dadi kuat nang aring njero imane deweke. Aku uga kudu ngajari deweke supaya ngerti ajaran sing bener sing di ajarna nang agamane kiye kabeh. 2 kue landasane pengarepan yen kiye kabeh arep nerima urip sejati lan langgeng. Gusti Allah wis ndadekna urip kue seurunge kawitane zaman – lan Gusti Allah ora mungkin ngelemboni. 3 aring wektu sing tepat, Gusti Allah wujudna janjine kue nang njero pesene. Pesen kue uwis di percayakna maring aku, lan aku mbritaknane nang nduwur perentaeh Gusti Allah Juru Selamet kiye kabeh. 4 koe kue bener-bener anakku, sebab koe lan aku padha-padha wis percaya maring Isa Almasih. Aku ngarepna moga-moga Gusti Allah Sang Rama lan Isa Almasih Raja Juru Selamet kiye kabeh aweh berkah lan kesentosaan maring koe. 5 ninggalna koe nang Kreta men koe bisa ngurus perkara-perkara sing esih perlu diatur. Karo supayane koe ngangkat pemimpin-pemimpin jemaat nang setiap kota. Lan elinga maring panuntun-panuntunku kie: 6 pemimpin jemaat kudune wong sing ora due cacad; deweke kudu kur ndue bojo siji; anak-anake kudu wis percaya maring Almasih lan udu sing di kenal dadi bocah brandalan lan sing ora bisa diatur. 7 jemaat yakue wong sing ngurus penggaweane Gusti Allah, deweke ora ulih ndue cacad. Deweke ora ulih sombong utawa kesuhan, utawa tukang mendem, utawa seneng gelutan, utawa mata duitan. 8 kudu seneng nerima wong nang umahe, seneng maring perkara-perkara sing apik, bisa nahan diri, jujur suci lan tertib. 9 kudu cekelan kenceng maring ajaran sing bisa di percaya, kaya sing wis di ajarna maring dirine. Karo kaya kue deweke sanggup aweh nasehat meng wong karo landasan ajaran sing bener, lan nidokna kesalahane wong-wong sing nantang dirine. 10 akeh wong sing seneng mberontak, terutama wong-wong sing maune agama Yahudi; deweke nipu wong liya karo omong kosonge deweke. 11 sing kaya kue kudu di tutup cangkeme, sebab deweke ngacokna keluarga akeh karo ajaran-ajaran sing ora-ora. Deweke ngelakoni kue kur kepengin nggolet untung sing ora pantes! 12 nabine deweke, sing asale kan Kereta ya, ngomong, " Wong-wong Kreta selalune nglemboni, lan kaya kewan galak sing rakus lan malesan." 13 sing diomongna nang nabi kue pancen bener. Kue sebabe koe kudu ngelingna deweke karo ketegas; supayane deweke men nyekeli ajaran sing bener 14 ora nyekeli maning maring dongeng-dongeng Yahudi utawa peraturan-peraturan sing di gawe nang wong-wong sing ora gelem nerima ajaran sing bener. 15 perkara kue suci bagine wong-wong sing suci. Nanging bagine wong-wong sing pikirane kotor lan sing ora ndue iman, ora nana siji-siji bae sing suci, sebab pikiran lan ati nuranine kue wis kotor! 16 ngomong yen deweke kenal karo Gusti Allah, padahal tingkah lakune nantang maring Gusti Allah. Wong-wong kue njijihi, lan deweke ora gelem taat; deweke kue wong-wong sing ora mampu ngelakoni siji-sijia bae sing apik.