Pasal 1

Salam 1 Sekang Yudas, hamba Isa Almasih karo sedulur Yakobus, maring deweke, sing diundang sing ditresnani sejeroning Allah Rama, lan sing di openi kanggo Isa Almasih. 2 Rahayu, ayem tentrem lan tresna kirane mberkahi rika. Ukuman maring guru- guru palsu 3 Sedulur-sedulur sing ditresnani, sejerone inyong nulisna surat kanggo kowe ngenani keslametan inyong kabeh, inyong terasa disurung nulisna surat kanggo kowe lan nasehati kowe, ben kowe tetep berjuang sejeroning iman sing tekakna maring wong suci. 4 Sebab wis nyata ana wong sing tertentu sing wis melebu nyusup nang tengah-tengahe kowe kabeh, yakuwe sing wis suwe ditentokna men diukum. Deweke wong-wong jahat, sing nyalah-gunakna kasih karunia Allah inyong kabeh kanggo nglampiasken hawa napsu deweke, lan menolak siji-sijine Penguasa lan Gusti enyong kabeh, Isa Almasih. 5 Ananging semana uga rika wis ngerteni sekabehe kuwe lan ora nguwatiri maning, inyong kepengin ngelingna rika, sarehning Gusti nylametaken umate sekang tanah Mesir, ning sepisan maning nyirnakna deweke sing ora percaya. 6 Lan sarehning Gusti nawan malaikat-malaikat sing ora manut karo batas-batas kekuasaane,nanging sing ninggalna nang umahe deweke, karo ditaleni langgeng sajerone donya kekelam an tekan penghakiman sing terahir, 7 Pada karo Sodom lan Gomora lan daerah-daerah sakubenge, sing karo cara pada nglakoni-saru-saruan mburu muasna sing ora wajar, wis nampa ukuman sing langgeng iki peringatan kanggo sekabehe wong. 8 Merga kuwe wong-wong sing ngimpi-ngimpian kiye uga ngotori awake dewek lan ngenyek-kekuasane Allah lan ngujat sing mulya nang suarga. 9 Nanging penghulu malaikat, Mikhael wektu lagi padu karo Iblis ngenani mayit Musa, ora wani ngadili iblis kuwe karo omong-omong hujatan, nanging ngomong, “Kirane Gusti ngusir koe!” 10 Deweke menghina karo omongan-omongan sing ora pantes sing sebenere deweke ora ngerti. Deweka pada karo kewan sing ora duwe akal, yakuwe sing ngakibatna kematian kanggo-deweke. 11 Celaka koe kabeh! Koe kabeh wis melu dalan sing uwis ditempuh nang Kain. Men olih duit, koe kabeh awake dewek nyemplung sejroning penasarane, pada karo Bileam. Lan koe kabeh arep dibinasakan merga mbrontak kaya Korah. 12 Kae kabe ya kie noda sajroning kasihmu, nang endi kae kabeh ora izin-izin mangan lan mentingna awake dewek: kae kabeh ibarat lamuk sing ora nana banyune, sing wis kabur nang angin: kae kabeh ibarate wit-wit sing sajroning mangsan terang ora ngasilna uwoh, wit-wit sing tercabut karo oyod-oyode lan sing wis mati sisan. 13 Kae kabeh ibarate ombak sing ganas nang laut, dadekna keaiban kae kabeh dewek kae kabeh ibarat lintang-lintang sing kang gone wis di sediakna nggon nang dunia kekalaman nggo selawase. 14 Henokh, keturunan sing kepitu Adam, biyen tau nubuatna ngenani: "Sebenere Gusti arep rawuh-karo ewon-ewon wong suciNe, 15 bakal ngakimi kabeh wong lan nibakna ukuman kanggo wong-wong kotor mergane sekabeh perbuatan kotore, sing kae kabeh lakokna lan mergane sekabeh omongan-omongan kotor, sing di omongna wong-wong berdosa sing kotor kue maring Gusti. 16 Deweke kae wong-wong sing ndersula lan ngeluh ngenani nasibe, urip nuruti hawa napsu, nanging deweke ngetokna omongan sing ora bener lan deweke nglomboni kanggo ulih keuntungan. Pituah-pituah kanggo neguhkan iman 17 Ananging rika sedulur-sedulurku, sing di tresnani elinga arep apa biyen wis di omongna maring rika nang rasul-rasul Gusti enyong kabeh, Isa Almasih. 18 Mergo deweke wis ngomong maring kowe kabeh: Ngarepaken akhir zaman arep tampil pengejek-pengejek sing arep urip nuruti hawa napsu kejahatane deweke. 19 Kae kabeh kue kaweh pecah sing dikuasaimu seka kepenginan-kepenginan dunia kie lan urip ora nganggo Roh Kudus. 20 Nanging koe, sedulur-sedulurku sing taktresnani, dandani awakmu dewek nang duwure lan didasari imanmu sing paling suci lan donga sajrone Roh Kudus. 21 Openi awakmu semana uga sajerone Allah karo ngenteni berkahe Gusti enyong kowe, Isa Almasih, kanggo urip sing langgeng. 22 Tidokna welas asih maring deweke,sing ragu-ragu, 23 selametna deweke karo dalan ngrampas deweke sekang geni. Nanging tidokna welas asih sing dibarengi keweden, maring wong-wong liya uga,lan buangen klambi dewekne sing kotor merga dosa. Penutup 24 Kanggo Deweke, sing nguasani njaga men koe ajak kepaduk lan sing nggawa koe karo ora cacat lana akeh senenge nang arep kemuliaaNe. 25 Allah sing esa, Juruselamate nyong pada seka Isa Almasih, Gustine inyong pada, nggo deweke ya kue kemuliaan, keagungan, kekuatan lan kuasa seurunge kabeh abad lan siki lan nganti selawase. Amin.